Mas Kumis Pamitan

March 13, 2008

pak-presiden.jpg

Tumètèsing waspaku ora tega rasané atiku. Ninggalaké sliramu kenya idamanku. Tansah katon èsemu ngawé-awé rasaning atiku. Ngèlingake nalika bareng mlaku-mlaku.

Nyana ora ngira yèn ngéné dadiné. Kudu mèlu ndhèrèkaké rama lan ibuku. Mulih nang ndesaku . Wekasan mung welingku aku titip lincak Mbunderan HI. Opènana minangka tanda katresnanku.

Nyuwun agunging samudra pangaksami dumateng panjenengan sami, sesepuh pinisepuh, bapak bapak saha ibu ibu, mas mas saha mbak mbak ingkang kersa tepang kaliyan mas kumis.

Menawi wonten kalépatan saking Mas Kumis, sedaya klénta kléntunipun lan kenta kentunipun bilih tumindak lan atur, nyuwun boten dipun dadosaken penggalih.

Sepindah maleh, Jumat Pon 14 Maret 2008 wanci 21.00 dipun ulemaken dateng panjenengan sedoyo,blogger kere keri ingkang wonten njakarta hadiningrat saget dugi farewell party mas kumis ing lincak Plaza Indonesia.

Sedoyo dongo pindongo, cipok tengen cipok kiwo, 3gp-an kagem mas kumis, mbok bilih dipun lebetaken dateng komen ing ngandhap niki.

Ojo lali sumbangane su !

P.S : Slira neng ati si cah ayu kang nyenengake, sidho teko tho nduk ?

38 Responses to “Mas Kumis Pamitan”

  1. -=«GoenRock®»=- Says:

    Jembul! Desaine malah diuplot! Yen
    kang Bah weruh ra surprais iki sesuk :P

  2. kw Says:

    kang mas gembul, pinten jerigen congyang ingkang sampun cemawis? mbok bilih kirang mangke langsung kontak kalian kang mas endiks… :)

  3. balibul Says:

    piye yo ditinggal mas bah ki koyo lonthe kilangan germo.koyo wedus bangsari kilangan syaeful.

    gek mengko sopo sing ngidak-ngidak aku nang kebon kacang. trus sopo sing ndandani lampu sadel pit ontelku.

    duh kok malah mbrebes mili ngene….

    pul…syaepul..iki goro-goro kowe ora iso meteng sih, mas bah dadi lungo tho. mbok nek turu sak ranjang ki,tangi-tangi meteng ngono loh.

    ngati-ngati kang, ono mas zumux tho nang kono.

  4. venus Says:

    presiden BHI sopo saiki, mbul?

  5. nanok Says:

    Wekasan mung welingku, Aku titip bayi neng wetengmu, Openono minangka tandha klakuanku…..

  6. nothing Says:

    bye bye, mas bah, sampai jumpa dilain kesempatan…[bikin kisruh di pekanbaru sana yo]

  7. Mbilung Says:

    bai bai kang ….

  8. bangsari Says:

    ora iso meteng emteem jepete. sebab wedoke mung simbok wedang thok, ra ono liyane. mangkane golek golek nganti tekan pekan baru.

  9. Ndoro Seten Says:

    innalillahi wainna ilaihi roji’un…

  10. aprikot Says:

    titi dj mas bah, lah nek aku kangen adoh banget je marani tekan pekanbaru

  11. bahtiar Says:

    antarane trenyuh - mbrebes mili …

    campur lucu guyu kemekelen …

    untuk semua :

    saya mengucapkan banyak terima kasih

    Tongkrongan Bunderan Hotel Indonesia akan menjadi cerita indah saya ….

    :)

  12. gus pitik Says:

    kang presiden ojo lali manuke digowo…nek ditinggal mengko malah dikroyok semut..trus semute meteng kabeh..piye jal?

  13. -=«GoenRock®»=- Says:

    Mbul, sing dudu Hasyu ra nyumbang rapopo tho?

  14. aprikot Says:

    oiyoo, sopo sing njuk ngeterke aku bali nang kemanggisan, soko BHI lah biasane mas bah je :((

  15. balibul Says:

    @goen : loh sapa yang bilang hasyu? pikiran mu wae kui salah kaprah

  16. Hedi Says:

    aku gurung karuan melok farewell party bengi iki….

  17. annots Says:

    iki mesti mung kampanye terselubung supayane Balibul sing ngganti Presiden BHI :D

  18. evi Says:

    selamat jalan Mas Bah….
    emang bakal di sana terus ya? atau untuk beberapa saat aja?

  19. mikow Says:

    mas bah iki sing pertama aku kenal di bhi, ndang cepet mulih yo mas..

  20. stey Says:

    ada pertemuan ada juga perpisahan..tsaaahh..

  21. sandal Says:

    Farewel party-ne ono telekonfren ora Kang?
    Yen iso telekonfren, pengen melu soko benteng vredeburg pas Jumintenan mengko bengi..

    Sayonara Mas Bah..

  22. antobilang Says:

    wuah, selamat berkarya di pulau seberang ya mas. moga2 di BHI nggak terjadi perebutan kekuasaan…

  23. Dony Says:

    “Nyana ora ngira yèn ngéné dadiné. Kudu mèlu ndhèrèkaké rama lan ibuku. Mulih nang ndesaku.” Cah Bagus, entenono tekaku….
    Sampeyan ameh menyang ndi tho? Opo meh golek pesugihan? hehe

  24. rara Says:

    sugeng tindak mas.. :)

  25. ebeSS Says:

    lilanana aé mbul . . !
    jakarta isané ya mek gojeg kéré . . .
    lha wong sebastian BAH iku senengé pasugihan . .
    * maksudé gak seneng kéré . . :P

  26. indra1082 Says:

    Nderek mampir…pangapuntenipun…

  27. nanok Says:

    Wekasan mung welingku, Aku titip bayi neng wetengmu, Openono minangka tandha klakuanku….

  28. balibul Says:

    nanok : ngombe pil aborsi wae nok ..

  29. nanok Says:

    Wakaka… pelanggaran kuwi boz…

  30. pria itu Says:

    kasultanan ndoyokarta hadiningrat siap mendukung ekspansi kasultanan BHI ke pekanbaru..

    :)

  31. kemalkeren Says:

    makasih udahke blogku ya oooooommmmmm :)

  32. gambarpacul Says:

    walah….nderekaken mas bah wae………

    pemilune bhi kapan kie

  33. sarah Says:

    HatiHati kang , jaga diri baikBaik.. :mrgreen:
    Walaaah….

  34. katemo Says:

    lagi blajar…eh..wis onok sing pamitan…dadi meguru karo sopo yo mas?

  35. tikabanget™ Says:

    mas bah mo kemana emang? :|

  36. sluman slumun slamet Says:

    buka cabang ya?
    kasih nama DPD ajah, kayak partai!

  37. daaan Says:

    waah bahasane, nganti mlipit tenan ik. dadi mc kawinan cocok niki pak he…

  38. nonadita Says:

    ini tho yang namanya Java Language alias Bahasa Java

    Bisa buat bikin website :D

Leave a Reply